CLICK HERE FOR FREE BLOGGER TEMPLATES, LINK BUTTONS AND MORE! »

Kamis, 04 April 2013

TANGGAP WACANA PERPISAHAN SAKING WAKIL MURID


Assalamu’alaikum Wr. Wr
Bapak kepala sekolah ingkang dahat kula kurmati, Bapak/Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan. Rencang saha adik-adik ingkang kula tresnani.
Puja-puji syukur dhumateng gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makempal wonten ing wisma SMP N 1 Wates, kangge ngawontenaken perpisahan.
Bapak/Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan. Boten kantun kula minangka wakilipun putra-putri siswa kelas tiga. Ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keikhlasan saha sih katresnan Bapak/Ibu Guru anggenipun nggulawenthah dhumateng para siswa. Saengga saged ngrampungaken kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangunipun 3 tahun, kanthi pikantuk Serat Tandha Tamat Belajar.
Bapak/Ibu Guru tuwin adik-adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula tresnani. Sakedhap malih kula sarencang ninggalaken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adik-adik. Jaragan kawontenan kedah mekaten, pramila kapeksa kula kaliyan rencang-rencang nilaraken Bapak/Ibu Guru saha adik-adik kelas setunggal tuwin kelas kalih. Sanadyan ta sampun pepisahan ingkang ateges tinebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak ing panggalih.
Kula sarencang kelas tiga ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan ndedonga adik-adik sageda kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika. Kula minangka wakilipun rencang kelas tiga, tansah nyuwun gungan, mugi-mugi adik-adik sregep anggenipun sinau lan tansah ngaosi dhumateng Bapak/Ibu Guru.
Boten kantun ugi kula dalah rencang kelas tiga tansah memuji dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, supados Bapak/Ibu guru saha adik-adik pikantuk rohmating pangeran wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.
                Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan punika kula pepanjang. Kula namung tansah tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik-adik. Sageda wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan punika lan sageda pikantuk pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil. Ingkang boten nglajenaken sageda pikantuk pedamelan ingkang samurwat kaliyan pangartosan ingkang sampun tinampi.
                Bok menawi wonten kirang tatakrami anggen kula matur saha sisip sembiring atur, kula minangka wakil kelas tiga tansah nyuwun agunging panuwun ingkang tanpa upami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb
                Nuwun.

0 komentar:

Posting Komentar